Senin, 28 Mei 2012

BAHASA JAWA

Belajar Bahasa Jawa

Kutipan wawancara antara hrd Dan pencari kerja..
Pancen uedaaan kabeh.. !! Hihi..
Sekalian kursus bahasa Jawa gratis buat yang belum bisa bahasa jawa

+ Pendidikanmu opo?
- Hukum Pak.
+ wah ora bisa ditompo ning kene.
- Alasanipun Pak?
+ Kakehan ngomong mengko, malah ora kerja.
- tapi kulo mantan diplomat lho Pak.
+ Tambah ora ketompo?
- Lho kok ngaten Pak?
+ Mengko gaweyanmu mung ropat-rapat wae.....


+ Kowe nduwe omah opo ora?
- Dereng....
+ Wah kowe ora ISO ketompo nang kene.
- Lho kok ngaten?
+ Mengko kowe mesthi ngajukne utang nang perusahaan.
- Ah.. Mboten kok, sakjanipun tiyang sepuh kulo niku sampun sugih.
+ Yo malah ora ketompo.
- Lho kok ngaten?
+ Mengko kowe kerjo mung nggo hiburan, nongkrang nongkrong ae.


+ Kowe nduwe motor opo ora?
- Mboten.
+ Ora ketompo.
- Lho kok mboten ketompo?
+ Mengko kowe mesthi njaluk bantuan kredit.
- Sakjanipun gadhah, ning tasih ten kampung, gampil mangke kulo beto ngriki.
+ Wah malah Ra ketompo....
- Lho kok ngoten?
+ Tempat parkire wis Ra cukup.


+ Kowe wis Lulus sarjana tenan?
- Sampun Pak....
+ Ora ketompo. Kene iki golek sing SMA ae, luwih manutan LAN ben mbayare murah.
- Sakjanipun kulo tasih badhe skripsi.
+ Malah ora ketompo..... .
- Lho kados pundi to?
+ Mengko kowe kerjo mung ngetik skripsi, yen wis Lulus mesti golek kerjo neng perusahaan liyo.


+ Kowe seneng guyon opo ora?
- Mboten Pak, kulo serius nek nyambut gawe.
+ Ra ketompo.....
- Waa... Kok ngoten?
+ Engko konco-koncomu LAN anak buahmu podho stress.
- Sakjane nggih sekedhik-sekedhik seneng guyon.
+ Malah ora ketompo.
- Lho kok......
+ Engko kowe mung email-emailan sing lucu.


+ Kowe mau mrene numpak opo?
- Nitih Mobil.
+ Kowe ora ketompo.
- Sebabipun?
+ Saiki BBM mundhak terus, mengko kowe njaluk mundhak bayar terus.
- Woo, kulo wau namung mbonceng, kok.
+ Tambah ora ketompo.
- Lho, lha kok?
+ Mengko mung gawene mbonceng Mobil kantor. Ngrusuhi!


+ Anakmu akeh opo sithik?
- Kathah, Pak.
+ Kowe ora ketompo.
- Sebabipun?
+ Nyambut gawemu ora jenjem, mung mikir gawe uanak terus.
- Lha Wong namung anak adopsi, kok.
+ Tambah ora ketompo.
- Lho, lha kok?
+ Gawe anak bae aras2en, opo maneh nyambut gawe.


+ Kowe wis ngerti gaweyanmu durung?
- Dereng.
+ Kowe ora ketompo.
- Sebabipun?
+ Arep nyambut gawe kok ora ngerti gaweyane?
- Oo, nek damelan niku mpun ngertos kok.
+ Tambah ora ketompo.
- Lho, lha kok?
+ Kowe rak mung arep keminter, to?


+ Kowe ngerti kahanan kantor kene durung?
- Dereng.
+ Kowe ora ketompo.
- Sebabipun?
+ Arep nyambut gawe kok ora ngerti kantore?
- Wah, nggih sekedhik2 mpun ngertos kok..
+ Tambah ora ketompo.
- Lho, lha kok?
+ Mengko kowe senengane ngudhal-udhal wewadi kantor, to?


+ Kowe kerep loro?
- Mboten.
+ Kowe ora ketompo..
- Sebabipun?
+ Mesthi kerep mbolos, Wong arang2 gering.
- Wah, sakjanipun nggih asring.
+ Tambah ora ketompo.
- Lho, lha kok?
+ Kantor iki ora nompo karyawan pileren.


+ Kowe biso main Internet?
- mBoten.
+ Kowe ora ketompo.
- Sebabipun?
+ Perusahaan ora nompo sing buta Internet.
- Wah, sakjanipun nggih saged.
+ Tambah ora ketompo.
- Lho, lha kok?
+ Mesthi ora bakal nyambut gawe, kakehan dolanan Internet, to???


+ Kowe waras opo ora?
- Lha, kulo nggih waras to Pak.
+ Ra ketompo.
- Kenging nopo?
+ Mengko kowe mesthi ora krasan neng kene.
- Niku rumiyin Pak, sakmeniko sampun rodo edan.
+ Malah Ra ketompo.
- Pripun to niki?
+ Mengko aku duwe saingan.
- WAAAAAAAAAAAAAAAA! !!!!
 
 


FREE Animations for your email - by IncrediMail! Click Here!

0 komentar:

Poskan Komentar


Tidak ada komentar:

Posting Komentar

SKL MA AL MA'ARIF TULUNGAGUNG 2020

 Silahkan klik link dibawah ini untuk donwload  SKL SEMENTARA https://drive.google.com/file/d/1uEcViLkbX7vk72_wO3UW5U-HNojsgMj4/view?usp=...